Selasa, 24 Juli 2012

PIDHATO ULANG TAUN (AMBAL WARSA)


PIDHATO ULANG TAUN (AMBAL WARSA)


Assalamualaikum wr.wb

      Sedherek sedoyo ingkang kulo mulyaaken. Wonten ing wakdal mangayubagya niki   wanci tanggap warsa kelahiranipun sederek Novita ingkang kaping gangsal welas (15) taun, langkung rumiyin monggo kito sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat arupi kesehatan bilih wekdal mangayubagya niki saget rawuh wonten mriki, kelawan mboten wonten alangan satunggal punopo. Mugi mugi rawuhipun sedherek sedoyo dipun bales ingkang sahe kaliyan Allah SWT. Amin yaa rabbal ‘aalamiin.
      Sederek sedoyo ingkang kulo tresnani. Kito sedoyo kempal wonten mriki panggenan kaperlu ndugeni undanganipun saking sederek kito Novita ingkang anggadai syukuran ngengeti dinten tanggap warsa kelahiranipun ingkang kaping gangsal welas (15) taun. Pramilo saking puniko kulo ingkang dados wakil saking sedoyo rencang ngucapaken sugeng dinten tanggap warsa kelahiranipun ingkang kaping gangsal welas (15) sederek kito Novita. Mugi mugi panjang yuswa, sageda nambahi iman saha taqwanipun dhumateng Allah SWT, kebak amal ingkang sae, sehat ugi mugiyo sukses ingkang dados gegayuhanipun. Amin yaa robbal ‘aalamiin.
      Sakniki umuripun sederek novita sampun gangsal welas (15) taun. Pramilo puniko seumuripun mboten pun wastani lare lare malih. Kito sedoyo sumerep mbok bilih yuswo kito niki saben warsa niku tambah, niko berartos maringi pitedah dumateng kito umur kito sedoyo tambah kirang.
      Para rawuh ingkang kinurmatan. Pramilo saking puniko monggo kulo ngajak dumateng poro rencang supados ngginakaken sisa umuripun ingkang taksih ing badan kito kelawan ngatahaken pedamelan ingkang wonten ginanipun, nglampahi amalan amalan ingkang sahe supados saget ngeraosaken kebahagiyaan lahir ugi batos.
      Semanten ugi kito kedhah nginakaken wekdal kanthi sak sahe sahenipun kagem ngumpulaken sangu kangge wekdal benjang supados wakdal sepuh kito sedoyo mboten getung. Ugi saperlu kito sedoyo nglampahi ibadah kanthi sahe sak wedhal yuswo taksih enem puniko. Mumpung pun paringi sehat.                     
      Kulo dados wakil saking sedoyo rencang nyuwun agunge pangapunten mbok bilih selami niki wonten lelampahan ugi wicantenan ingkang lepat, mboten sekeco ing manah sederek Novita.
      Kulo kinten cekap semanten, kulo ngucapaken matur nuwun. Sedoyo kekirangan nyuwun pangapunten. Akhirul kalaam.

Wassalamu’alaikum wr.wb



2 komentar:

  1. makasih Kak....ngebantu banget buat tugasku...
    makasih...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

      Hapus