PIDHATO ULANG TAUN (AMBAL WARSA)
Assalamualaikum wr.wb
Sedherek sedoyo ingkang kulo mulyaaken.
Wonten ing wakdal mangayubagya niki
wanci tanggap warsa kelahiranipun sederek Novita ingkang kaping gangsal
welas (15) taun, langkung rumiyin monggo kito sedoyo ngucapaken raos syukur
dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat arupi kesehatan
bilih wekdal mangayubagya niki saget rawuh wonten mriki, kelawan mboten wonten
alangan satunggal punopo. Mugi mugi rawuhipun sedherek sedoyo dipun bales
ingkang sahe kaliyan Allah SWT. Amin yaa rabbal ‘aalamiin.
Sederek sedoyo ingkang kulo tresnani.
Kito sedoyo kempal wonten mriki panggenan kaperlu ndugeni undanganipun saking
sederek kito Novita ingkang anggadai syukuran ngengeti dinten tanggap warsa
kelahiranipun ingkang kaping gangsal welas (15) taun. Pramilo saking puniko
kulo ingkang dados wakil saking sedoyo rencang ngucapaken sugeng dinten tanggap
warsa kelahiranipun ingkang kaping gangsal welas (15) sederek kito Novita. Mugi
mugi panjang yuswa, sageda nambahi iman saha taqwanipun dhumateng Allah SWT,
kebak amal ingkang sae, sehat ugi mugiyo sukses ingkang dados gegayuhanipun.
Amin yaa robbal ‘aalamiin.
Sakniki umuripun sederek novita sampun
gangsal welas (15) taun. Pramilo puniko seumuripun mboten pun wastani lare lare
malih. Kito sedoyo sumerep mbok bilih yuswo kito niki saben warsa niku tambah,
niko berartos maringi pitedah dumateng kito umur kito sedoyo tambah kirang.
Para rawuh ingkang kinurmatan. Pramilo
saking puniko monggo kulo ngajak dumateng poro rencang supados ngginakaken sisa
umuripun ingkang taksih ing badan kito kelawan ngatahaken pedamelan ingkang
wonten ginanipun, nglampahi amalan amalan ingkang sahe supados saget
ngeraosaken kebahagiyaan lahir ugi batos.
Semanten ugi kito kedhah nginakaken
wekdal kanthi sak sahe sahenipun kagem ngumpulaken sangu kangge wekdal benjang
supados wakdal sepuh kito sedoyo mboten getung. Ugi saperlu kito sedoyo
nglampahi ibadah kanthi sahe sak wedhal yuswo taksih enem puniko. Mumpung pun
paringi sehat.
Kulo dados wakil saking sedoyo rencang
nyuwun agunge pangapunten mbok bilih selami niki wonten lelampahan ugi
wicantenan ingkang lepat, mboten sekeco ing manah sederek Novita.
Kulo kinten cekap semanten, kulo
ngucapaken matur nuwun. Sedoyo kekirangan nyuwun pangapunten. Akhirul kalaam.
Wassalamu’alaikum
wr.wb
makasih Kak....ngebantu banget buat tugasku...
BalasHapusmakasih...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Hapus